liburan ning pantai
Nalika liburan sekolah sesasi Desember wingi, aku lan keluargaku tindak dhateng salah sawijining pantai ing Gunungkidul. Papan kunjunganipun yaiku Pantai Indrayanti. Wektu kami dumugi, srengenge isih sumunar padhang lan anginipun semilir, nggawa rasa seger ing kulit. Sawise tekan, aku langsung lumaku-lumaku ing pasir putih sing alus tanpa nganggo alas sikil. Banjur aku lan sedulurku, Kino, dolanan banyu ing pinggir segara. Ombake ora gedhe, nanging tetep kudu ati-ati supaya ora keseret adoh. Kadhang aku mung lungguh ing sandhuwure pasir, nyawang ombak kang gumulung lan ngrungokke swarane. Ing sisih pinggir, Bapak tumbas kelapa ijo lan jajanan saka warung cedhak kono. Sawise cekap dolanan, aku lan Kino nggawe istana pasir, nggambarake imajinasi bocah-bocah. Rasane nyenengake banget bisa dolan bareng kulawarga ing papan kang endah. Liburan ing pantai kuwi dadi kenangan sing ora bakal tak lalekake amarga kehangatan lan kabahagiaan sing tak rasakake bareng keluargaku....